Sunan Ngampel

Nalika tanggal kaping 12 Rabingulawal 822 ambarêngi tiba ing tanggal kaping 8 April 1419 taun Walônda Maulana Malik Ibrahim seda, iya iku kang rawuh ing Kaligradwipa, lan banjur mulang agama Islam marang wong bumi.

Sawuse panjênêngane kang miwiti mulang agama Islam nuli Radèn Rahmad rawuh, kang ingaran wayahe nata ing Ciyampa, (ing layang babad tanah Jawa muni: Cêmpa), iya iku sawijining nagara tanah Kamboja, kang dhèk samana gêgayutan among dagang karo tanah Jawa lan Majapait.

Radèn Rahmad nalika lagi yuswa 25 taun sowan marang ingkang rama alit asma: Ôngkawijaya utawa Brawijaya, nata ing Majapait lampahe mampir ing Palembang, banjur mandhap ing dharatan Grêsik kêpanggih lan sawênèhing bôngsa ngarab kang alim. Uwong Arab mau nêrangake manawa sêdya arêp anggêlar mungguhing piyandêle agama Mukhamad sarta sêdya anyirnakake agama Indu ing tanah Jawa sisih wetan. Awit saka iku Radèn Rahmad banjur nyakabat lan banjur sowan Ôngkawijaya (Prabu Brawijaya) uga prêlu arêp nandukake kêkarêpane. Nanging sang prabu ora karsa manjing agama Islam. Ewadene sang Prabu malah angganjar marang Radèn Rahmad (putra kapenakane) diwênangake ngêrèh wong 3000 ing Ngampèl (Surabaya). Wiwit mau Radèn Rahmad banjur anggêlar agama Islam uga tindak marang padesan kang cêdhak lan pulo Madura, kang dirawuhi dhisik ing desa Arosbaya.

Dhèk samana ing praja Majapait bangêt misuwur ing panguwasane, nanging sawise tumindak sawatara taun banjur suda, putra wayahe padha têtumpêsan seda. Tinêmune ing saiki ananing patilasan-patilasan ing kono, kari arupa patilasan kadhaton kang saprene isih pinundhi-pundhi utawa inganggêp elok dening para têdhak turune.

Sapa kang wus tau marang ing Ondêr Dhistrik: Trowulan Abdeling Jombang, ing kono bisa nyumurupi patilasan-patilasan kuna, dumunung ing desa Watês umpak arupa saka watu tilas kadhaton lan banjur bisa angira ing atase panguwasa dhèk jaman Majapait.

Ana manèh patilasan kang bangêt misuwure, aran: Bajangratu. Patilasan mau arupa lawang gêdhe bangêt (Gapura) kang dadi lawang anjog marang omah gêdhe. Saka piyandêle wong, manawa ana wong ngadêg ana sacêdhaking patilasan kono, bakal nêmahi sangsara. Ing kono mau dunung pasareane ingkang ibu Radèn Rahmad aran Putri Ciyampa. Radèn Rahmad piyambak sinêbut ing ngakèh jêjuluk Kangjêng Sinuhun Waliyolah, seda sumare ing Ngampèl kang saprene pasareane pinundhi-pundhi lan kanggo jiyarahing wong akèh.

Sasedane Radèn Rahmad kang gumanti: Radèn Paku iya Prabu Sèdmata Giri Kadhaton putrane wong bôngsa Ngarab mijil saka putrining nata ing Blambangan. Nalika timure panjênêngane dilêbêtake ing pêthi banjur kacêmplungake ing sêgara, ing pangira wus mêsthi minôngsa ing baya. Nanging mungguhing Pangeran kang sipat esa, tansah mayungi marang titahe kang lagi ginawe lêlakon iya iku prêlu bakal dadi wong pinunjul kang piniji ing Pangeran amratakake agama Islam ana ing Praja Blambangan. Mungguh ing lampahane kacarita mangkene:

Sawênèhing sudagar wadon aran Nyai Patih ing Grêsik misuwur ing kasugihane. Nuju sawiji dina ing wayah esuk nyai sudagar kongkonan bature wong Kamboja kalawan anggawa prau. Lakune wong Kamboja mau ana ing dalan nêmu pêthi kampul-kampul ana ing banyu, ing jêro isi bocah, banjur diwèhake nyai patih. Bocah mau banjur dipèk anak angkat dijênêngake: Sêmbadra. Barêng wis diwasa, puruita marang Radèn Rahmad iya Sunan Ngampèl, ing taun 1387 panjênêngane wangsul marang Giri, lan banjur jumênêng dadi wong brata kang nindakake piandêle.

Sajrone taun 1409 panjênêngane jumênêng Waliyolah, lan banjur nindakake damêlan ing sawênèhing panggonan. Barêng taun 1428 seda ana ing Girigajah, iya iku sawênèhing gunung dhuwur ing sacêdhake Grêsik.

 

Diterbitkan oleh

Muhamad Mukhtar Zaedin

Pengurus Pusat Konservasi dan Pemanfaatan Naskah Klasik Cirebon

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s